Apa awakmu wis tau gawe layang utawa nampa layang

1:1-2 Layang saka Rasul Paulus, sing katimbalan dadi rasulé Gusti Yésus Kristus saka kersané Gusti Allah, lan uga saka sedulur kita Sostenès, tumekaa marang pasamuwané Gusti Allah ing kutha Korintus, yaiku marang wong kabèh sing wis padha katimbalan dadi umaté Gusti Allah sing kasucèkaké srana enggoné tetunggalan karo Gusti Yésus Kristus; semono uga marang sakèhing wong ing ngendi waé, sing padha nyebut asmané Gusti Yésus dadi Gustiné, lan iya dadi Gusti kita. 1:3 Gusti Allah, Rama kita, lan Gusti Yésus Kristus, maringana sih-rahmat lan katentreman marang kowé. 1:4 Aku tansah saos sukur marang Gusti Allah ing ngatasé kowé, merga saka sih-rahmat sing wis diparingaké marang kowé lantaran Gusti Kristus Yésus. 1:5 Sebab ing sajroné patunggalanmu karo Gusti Kristus, kowé wis padha dadi sugih samubarang, iya bab enggonmu caturan, iya bab kawruhmu. 1:6 Piwulang bab Gusti Kristus kuwi wis rumesep ana ing atimu, 1:7 nganti sajroné kowé isih padha ngarep-arep rawuhé Gusti Yésus Kristus, kowé wis padha nampa sarupaning ganjaran saka Rohé Gusti Allah. 1:8 Mengkono uga Sang Kristus piyambak bakal ngreksa marang kowé nganti tekan ing wekasan, supaya mbésuk ing Dinané Gusti rawuh, ngadili jagad iki, kowé padha tinemu tanpa cacad. 1:9 Gusti Allah Mahasetya wis nimbali kowé marang patunggilané Kang Putra, Gusti Yésus Kristus, iya Gusti kita. 1:10 Atas asmané Gusti kita Yésus Kristus, wanti-wanti welingku marang kowé kabèh, para sedulur, supaya padha tunggala ing panemu tumrap prekara-prekara sing padha kokrembug, supaya panemumu aja nganti béda-béda. Padha tunggala pikiran lan kekarepan. 1:11 Sebab aku krungu saka wong-wong ing brayaté Kloè, yèn ing antaramu ana dredah, 1:12 siji lan sijiné padha élon-élonan. Sing siji muni: “Aku mèlu Rasul Paulus,” liyané muni: “Aku mèlu Apolos,” liyané menèh muni: “Aku mèlu Rasul Pétrus,” lan wong liya menèh muni: “Aku pendhèrèké Sang Kristus.” 1:13 Apa Sang Kristus kuwi pisah-pisah dadi pirang-pirang golongan? Apa Rasul Paulus mati disalib kanggo kowé? Apa kowé biyèn padha dibaptis, supaya dadi muridé Rasul Paulus? 1:14 Aku saos sukur marang Gusti Allah, déné aku ora mbaptis sapa-sapa ana ing antaramu, kejaba mung Krispus lan Gayus. 1:15 Temah ora ana wong sing bisa ngarani, yèn kowé biyèn padha dibaptis supaya dadi murid-muridku. 1:16 (O, iya aku lali, pancèn aku biyèn mbaptis Stéfanussabrayaté; nanging saélingku ora ana wong liyané menèh sing tau dakbaptis.) 1:17 Sang Kristus ora ngutus aku supaya mbaptis wong. Panjenengané ngutus aku ngabaraké Injil, lan mulangaké Injil mau nganggo basa sing prasaja, ora manut kawicaksanané manungsa. Awit yèn nganggo basa sing manut kawicaksanané manungsa, sédané Sang Kristus ing kayu salib dadi nglaha lan sakèhé daya kasektèné dadi ora ana paédahé. 1:18 Awit tumraping wong sing bakal nampa paukumané Gusti Allah, pawarta bab sédané Gusti Yésus Kristus ana ing kayu salib kuwi dianggep prekara sing tanpa teges. Nanging tumrapé kita sing kapitulungan slamet, Sang Kristus kuwi wujudé kasektèné Gusti Allah. 1:19 Ana ing Kitab Suci Gusti Allah ngandika: “Aku bakal mbuyaraké kawicaksanané para wong wasis, lan kawruhé wong pinter bakal Daklebur.” 1:20 Yèn mengkono, panemuné wong-wong wicaksana banjur kepriyé? Semono uga kepriyé panemuné wong-wong pinter? Apa déné panemuné para ahli pikir jaman saiki banjur kepriyé? Gusti Allah wis mratélakaké, yèn kapinterané manungsa kuwi tanpa teges. 1:21 Awit saka kawicaksanané, Gusti Allah wis netepaké yèn manungsa ora bakal bisa wanuh marang Gusti Allah saka kapinterané dhéwé. Kosokbaliné, Gusti Allah wis nemtokaké bakal paring slamet marang wong sing precaya marang pawarta, sing padha dakwartakaké, sing déning wong kadonyan dianggep ngayawara. 1:22 Wong Yahudi padha njaluk mujijat minangka bukti, lan wong Yunani padha mburu kawicaksanan. 1:23 Nanging tumrap kita, kita padha martakaké bab Sang Kristus sing disalib, yakuwi pawarta sing kanggoné wong Yahudi dadi sandhungan (marakaké tumiba ing dosa), lan tumraping wong dudu Yahudi (wong kapir) pawarta mau sawijining prekara sing ora tinemu ing nalar. 1:24 Nanging tumraping wong sing padha katimbalan déning Gusti Allah, wonga Yahudi, wonga kapir, bab Sang Kristus kuwi pangwasa lan kawicaksanané Gusti Allah. 1:25 Sebab pakaryané Gusti Allah, sing katoné bodho, nyatané luwih wicaksana ketimbang karo kawicaksanané manungsa, lan pakaryané Gusti Allah sing katoné tanpa daya, jebul luwih rosa ketimbang karo kekuwatané manungsa. 1:26 Para sedulur! Élinga marang kaanan nalika kowé padha katimbalan déning Gusti Allah. Rak mung sethithik cacahé wong sing wasis utawa sing dadi penggedhé, utawa sing duwé pangkat dhuwur manut pétungané manungsa. 1:27 Nanging, Gusti Allah milih wong sing dianggep bodho déning jagad iki, supaya gawé wirangé para wong wicaksana. Mengkono uga Gusti Allah milih wong-wong sing ringkih, manut pétungané jagad, kanggo mirangaké wong-wong sing rosa. 1:28 Sing dianggep asor lan nistha, sing dianggep ora ana ajiné déning jagad, yakuwi sing dipilih déning Gusti Allah, supaya ngorakna apa sing dianggep aji déning jagad. 1:29 Srana mengkono ora ana wong sing bisa gumunggung ana ing ngarsané Gusti Allah. 1:30 Nanging Gusti Allah wis nunggilaké kowé karo Sang Kristus Yésus, lan Gusti Allah wis nemtokaké Sang Kristus dadi kawicaksanan kita; lantaran Sang Kristus kita padha karukunaké karo Gusti Allah. Merga Sang Kristus kita padha dadi umaté Gusti Allah kang suci. Kita wis dimerdikakaké!

1:31 Mulané, kaya sing dingandikakaké Gusti Allah ana ing Kitab Suci: “Sing sapa arep gumunggung, ngegungna apa sing wis katindakaké déning Gusti Allah.”

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

2:1 Para sedulur, dhèk biyèn nalika aku nekani kowé, martakaké kayektèné Gusti Allah, yakuwi kayektèn sing winadi, aku ora migunakaké tembung sing dakik-dakik utawa kawruh sing jero-jero. 2:2 Sebab selawasé aku ana ing antaramu, atiku wis kenceng ora arep mikiraké apa-apa kejaba Gusti Yésus Kristus, luwih-luwih bab sédané ana ing kayu salib. 2:3 Mulané nalika aku nekani kowé, aku rumangsa tanpa daya lan gumeter merga wedi. 2:4 Enggonku memulang lan ngabaraké Injil ora srana tembung sing muluk-muluk manut kapinterané manungsa, nanging srana bukti sing mratélakaké kwasaning Rohé Gusti Allah. 2:5 Precayamu nalika semana iya ora adhedhasar kawicaksanané manungsa, nanging landhesan pangwasané Gusti Allah. 2:6 Senajan mengkono, aku uga ngrembug bab kawicaksanan karo wong-wong Kristen, sing jiwané wis diwasa. Dudu kawicaksanan kadonyan, utawa kawicaksanané para pangwasa sing ngerèh jagad sing bakal sirna iki. 2:7 Kawicaksanan sing dakkarepaké kuwi kawicaksanané Gusti Allah, yakuwi wewadi sing ora disumurupi déning manungsa, lan sing wis ana sadurungé jagad katitahaké; kuwi mau kabèh ditemtokaké déning Gusti Allah murih kamulyan kita. 2:8 Para pangwasané jagad iki ora ana siji waé sing ngerti marang kawicaksanané Gusti Allah mau. Saupama ngertia, wong-wong rak ora padha nyalib Gusti sing Mahamulya kuwi. 2:9 Nanging kaya sing dingandikakaké ana ing Kitab Suci: “Apa sing durung tau dideleng utawa dirungu, apa sing ora dipikiraké déning manungsa, ya prekara-prekara kuwi sing wis dicawisaké déning Gusti Allah kanggo wong sing padha tresna marang Panjenengané.” 2:10 Gusti Allah nglairaké wewadiné mau marang kita lantaran Sang Roh Suci. Rohé Gusti Allah kuwi nitipriksa samubarang, dalasan kersané Gusti Allah sing winadi, iya dititi priksa. 2:11 Kaya déné rohé manungsa sing ngerti marang isining atiné dhéwé, mengkono uga Sang Roh Suci iya pirsa penggalihé Gusti Allah. 2:12 Kita padha ora nampani rohé donya iki, nanging padha nampani Rohé Gusti Allah, supaya kita padha ngerti marang sadhéngah prekara sing wis diparingaké déning Gusti Allah marang kita. 2:13 Mulané menawa aku padha nerangaké bab kayektèné Gusti Allah marang wong-wong sing padha nduwèni Rohé Gusti Allah, aku ora padha nganggo kawicaksanané manungsa, nanging manut piwulanging Rohé Gusti Allah. 2:14 Sing sapa ora kadunungan Rohé Gusti Allah, ora bisa nampa lan ngerti marang ganjaran-ganjaran sing diparingaké déning Roh mau. Ing ngatasé ganjaran-ganjaran kuwi manungsa dianggep bodho; sebab bisané ngerti mung yèn kabiyantu déning Rohé Gusti Allah. 2:15 Wong sing kadunungan Rohé Gusti Allah kuwi ngerti samubarang, nanging ora ana wong sing bisa nliti marang dhèwèké.

2:16 Kaya surasané Kitab Suci sing mengkéné: “Sapa ta sing ngerti penggalihé Pangéran, nganti bisa mulang Panjenengané?” Nanging kita padha ngerti marang penggalihé Sang Kristus!

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

3:1 Satemené para sedulur, aku ora bisa rembugan karo kowé, kaya karo wong-wong sing kadunungan Rohé Gusti Allah. Aku kepeksa rembugan karo kowé kaya karo wong-wong kadonyan, sing tumraping iman Kristen isih kaya bocah cilik. 3:2 Wiwit biyèn kowé kepeksa isih dakwènèhi susu, dudu panganan sing akas, sebab kowé durung bisa nampa. Lan tekan saiki kowé iya durung bisa. 3:3 Sebab uripmu isih kaya wong-wong kadonyan. Menawa ing antaramu isih ana kemèrèn lan pasulayan, apa kuwi ora nélakaké yèn uripmu isih cara kadonyan, yakuwi manut ukuran lan patrap sing dianut déning donya iki. 3:4 Menawa ana wong sing muni: “Aku mèlu Rasul Paulus”, lan liyané muni “Aku mèlu Apolos”, apa sing mengkono kuwi dudu patrapé wong-wong kadonyan? 3:5 Sapa ta Apolos kuwi? Lan sapa ta Paulus? Wong-wong kuwi rak mung para abdiné Gusti Allah, sing nuntun kowé dadi wong precaya. Aku iki mung padha sadrema nyambut-gawé nglakoni dhawuhé Gusti Allah. 3:6 Aku sing nandur, Apolos sing nyiram, nanging Gusti Allah piyambak sing nuwuhaké. 3:7 Wong sing nandur lan wong sing nyirami kuwi ora penting. Sing penting kuwi Gusti Allah, sebab Panjenengané sing nuwuhaké. 3:8 Wong sing nandur lan wong sing nyirami kuwi ora ana bédané; Gusti Allah bakal paring ganjaran marang siji-sijiné manut pegawéané dhéwé-dhéwé. 3:9 Aku iki padha réwangé nyambut-gawé lan kowé, palemahan sing digarap déning Gusti Allah. Kowé kuwi uga gedhong sing diyasa déning Gusti Allah. 3:10 Srana migunakaké kapinteran peparingé Gusti Allah, aku dadi tukang gawé omah sing yasa pondhasiné, lan wong liya sing mbangun ana ing sandhuwuré pondhasi mau. 3:11 Sebab Gusti Allah piyambak wis nemtokaké yèn mung Gusti Yésus Kristus sing dadi pondhasiné gedhong mau. 3:12 Ana wong sing migunakaké emas, utawa slaka, utawa watu sing adi kanggo ngedegaké bangunan ing sandhuwuré pondhasi; ana menèh sing migunakaké kayu, utawa suket garing, utawa damèn. 3:13 Bab apik lan orané garapané wong siji-sijiné mau bakal ketitik mbésuk ing Dinané Sang Kristus; sebab ing Dina mau, garapané saben wong bakal dilèlèr nganggo geni. Geni mau sing bakal nélakaké becik lan orané garapan. 3:14 Yèn sing dibangun ing sandhuwuré pondhasi mau diobong ora mempan, wongé sing mbangun bakal tampa ganjaran. 3:15 Nanging yèn garapané kobong, bakal kapitunan; nanging wong mau dhéwé bakal slamet, senajan patrapé kaya wong sing luwar saka omah sing kobong. 3:16 Apa kowé padha ora ngerti yèn kowé kuwi gedhong pedalemané Gusti Allah, sebab Rohé Allah dumunung ana ing kowé! 3:17 Sapa sing ngrusak gedhong pedalemané Gusti Allah, Gusti Allah iya bakal ngrusak wong mau. Gedhong pedalemané Gusti Allah kuwi suci, lan gedhong mau iya kowé kuwi. 3:18 Aja ana wong sing ngapusi awaké dhéwé. Yèn ing antaramu ana wong sing duwé pengira dadi wong wicaksana manut ukuran kadonyan, bèn wong kuwi dadi bodho, supaya bisa wicaksana temenan. 3:19 Sebab apa sing dianggep wicaksana déning jagad kuwi déning Gusti Allah dianggep bodho. Kaya surasané Kitab Suci: “Wong-wong pinter kuwi dikala déning Gusti Allah srana kapinterané wong mau dhéwé!” 3:20 Ayat ing Kitab Suci liyané mengkéné: “Gusti Allah pirsa yèn pangothak-athiké wong pinter kuwi kabèh tanpa guna.” 3:21 Mulané aja nganti ana wong sing ngegung-egungaké kapinterané manungsa. Samubarang kabèh kuwi wis dadi duwèkmu. 3:22 Paulus, Apolos, Pétrus, jaman saiki lan jaman sing bakal kelakon kuwi kabèh duwèkmu,

3:23 semono uga kowé kabèh iku kagungané Sang Kristus, lan Sang Kristus kagungané Gusti Allah.

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

4:1 Mulané aku iki padha anggepen para abdiné Sang Kristus, sing dipitaya rumeksa marang wewadiné Gusti Allah sing gegayutan karo kayektèn. 4:2 Tumraping abdi sing dipitaya kaya mengkono mau saraté mung siji, yakuwi setya marang bendarané. 4:3 Aku ora mreduli penganggepmu utawa penganggepé wong liya tumrap awakku dhéwé. 4:4 Aku ora rumangsa salah, nanging ora ateges yèn aku iki ora duwé keluputan. Sing ngadili aku iki Gusti piyambak. 4:5 Mulané kowé aja ngadili wong yèn durung tekan wektuné. Pengadilan sing pungkasan kuwi ngentèni mbésuk sarawuhé Gusti Yésus. Panjenengané sing bakal medharaké sakèhé wewadi sing sumimpen ana ing atiné manungsa. Ing kono saben wong bakal olèh pengalem saka Gusti Allah, manut penggawéné dhéwé-dhéwé. 4:6 Merga kowé, para sedulur, aku wis ngetrapaké kuwi mau kabèh marang Apolos lan marang aku dhéwé. Aku lan Apolos padha dakenggo tuladha, supaya kowé ngerti apa tegesé unèn-unèn: “Prenatan sing bener kuwi gugunen,” supaya ing antaramu aja ana sing ngegung-egungaké salah sijiné wong lan nyepèlèkaké wong liyané. 4:7 Sapa sing wis ndadèkaké kowé kinacèk karo wong liyané? Apa dudu Gusti Allah sing maringaké samubarang sing ana ing kowé? Kepriyé bisamu kumlungkung, kaya-kaya sing kokduwèni kuwi ora mung kari nampa? 4:8 Pancèn kowé wis ora butuh apa-apa menèh! Kowé wis dadi sugih! Kowé wis padha dadi ratu! Aku malah padha durung dadi ratu. Aku kepéngin yèn kowé dadia ratu temenan, supaya aku padha bisa mèlu mréntah bebarengan karo kowé. 4:9 Sebab manut panemuku, Gusti Allah wis maringi aku, para rasul, pangkat sing asor dhéwé, kaya déné wong-wong sing ditibani paukuman pati ana ing ngarepé umum, supaya dadia tontonané para malaékat lan manungsa. 4:10 Krana Sang Kristus aku dadi wong sing bodho; nanging kowé dadi wong-wong Kristen sing wicaksana! Aku padha dadi wong sing tanpa daya, nanging kowé dadi wong-wong sing rosa! Aku padha dicecamah, nanging kowé padha kinurmatan! 4:11 Nganti wektu iki aku padha kaliren lan kasatan; aku padha nggombal, aku padha digebugi; aku padha mlayu ngungsi saka panggonan siji menyang panggonan sijiné; 4:12 aku kudu padha nyambut-gawé abot supaya olèh pangan. Yèn dipoyoki, aku padha males mberkahi; yèn dianiaya aku padha sabar; 4:13 yèn dipitenah aku padha males nganggo tembung sumèh. Tekan wektu iki, aku mung padha dadi larahaning jagad; aku iki dianggep déning umum dadi leletheking bumi. 4:14 Enggonku nulis marang kowé iki, ora merga aku arep gawé wirangmu, nanging arep mulang lan momong kowé kaya anak-anakku dhéwé sing daktresnani. 4:15 Sebab senajan kowé wong Kristen duwé guru saleksa, nanging bapakmu mung siji. Sajroning uripmu dadi wong Kristen, aku iki bapakmu, awit ya aku iki sing nggawa pawarta Injil marang kowé. 4:16 Pituturku marang kowé: Kowé padha nulada marang aku. 4:17 Mulané aku ngirim Timotius nekani kowé. Ing ngatasé wong Kristen, Timotius kuwi wis kaya anakku dhéwé sing daktresnani lan sing setya ana ing Gusti. Timotius uga bakal ngélingaké kowé, bab pathokan-pathokan sing dakanut sajroning urip anyar iki, sing kaparingaké déning Gusti Yésus Kristus, sing uga dakwulangaké marang para pasamuwan kabèh, ana ing endi waé. 4:18 Ing antaramu ana wong sing padha kumenthus, merga padha duwé pengira yèn aku ora bakal nekani kowé menèh. 4:19 Nanging yèn Gusti marengaké, aku bakal énggal nekani kowé. Ing kono aku kepéngin weruh apa penggawéné wong-wong sing padha kumenthus mau, dudu tembungé. 4:20 Sebab Kratoné Gusti Allah kuwi ora wujud tembung, nanging awujud kasektèn.

4:21 Banjur endi sing kokpilih? Apa tekaku kudu nggawa pecut apa katresnan lan kesabaran?

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

5:1 Satemené aku wis krungu yèn ing antaramu ana sing laku jina nganggo cara sing ngungkuli carané wong kapir (wong sing ora wanuh karo Gusti Allah), yakuwi laku jina karo ibuné kuwalon dhéwé! 5:2 Éwasemono, kowékok padha gumunggung temen! Mesthiné kowé kudu padha sedhih, lan wong sing nglakoni jina kaya mengkono mau kuduné diwetokaké saka pasamuwan. 5:3 Tumraping aku, senajan manut tata lair dunungku adoh karo kowé, nanging manut tata rohani, aku bebarengan karo kowé; kaya-kaya aku dhéwé ana ing tengahmu, “Mulané atas asmané Gusti kita Yésus Kristus, aku nibakaké paukuman marang wong sing nglakoni penggawé sing murang-tata mau!” 5:4 Yèn kowé padha ngumpul masamuwan, lan aku dhéwé uga ana ing tengahmu sajroning roh, srana pangwasané Gusti Yésus, 5:5 wong kuwi padha pasrahna marang Iblis, supaya badané dirusak, nanging nyawané kapitulungan slamet mbésuk ing Dina Pengadilané Gusti. 5:6 Ora samesthiné kowé gumunggung! Kowé rak padha ngerti unèn-unèn sing mengkéné: “Ragi sethithik ngragèni sakèhing jladrèn kabèh.” 5:7 Ragi sing lawas, yakuwi dosa, buwangen, supaya kowé padha dadia jladrèn sing anyar, sing murni, sing tanpa ragi. Lan satemené aku ngerti, yèn kowé pancèn mengkono. Sang Kristus, Cempéning Paskah wis kasembelèh. 5:8 Ayo kita padha pésta, ora mangan roti sing nganggo ragi lawas, yakuwi dosa lan laku jina, nanging mangana roti sing tanpa ragi, yakuwi kasampurnan lan kayektèn. 5:9 Ing layangku sing dhisik aku wis weling, supaya kowé aja sesrawungan karo wong sing padha laku jina. 5:10 Sing dakkarepaké dudu wong kapir sing padha laku jina lan sing karem bandha, bégal, utawa wong sing padha nyembah brahala; sebab yèn kowé kudu ngedohaké awakmu saka wong-wong sing kaya mengkono mau, kowé rak kepeksa kudu metu saka jagad iki. 5:11 Ora mengkono; sing dakkarepaké yakuwi supaya kowé aja srawungan karo wong sing ngakuné Kristen, nanging satemené seneng laku jina, karem bandha, nyembah brahala, utawa seneng nyenyamah, seneng mendem, seneng nindakaké colong jupuk. Aja nganti kowé lungguh bebarengan mangan karo wong sing kaya mengkono mau.

5:12-13 Tumrap wong-wong ing sanjabané pasamuwan, aku ora wenang ngadili. Sing arep ngadili wong-wong kuwi Gusti Allah piyambak. Nanging apa ora wis samesthiné yèn kowé ngadili para warganing pasamuwanmu dhéwé? Kaya surasané Kitab Suci: “Wong sing padha nindakaké piala, tundhungen saka ing tengah-tengahmu.”

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

6:1 Menawa ana panunggalanmu sing prekaran karo padha sedulur, koktegel-tegelé wong mau ngajokaké gugatan marang hakim-hakim sing ora wanuh marang Gusti Allah. Rak kuduné wong mau masrahaké prekarané supaya dirampungaké déning umaté Gusti Allah dhéwé. 6:2 Apa kowé ora ngerti yèn umaté Gusti Allah kuwi bakal ngadili jagad iki? Menawa kowé bakal ngadili jagad iki, apa kowé ora bisa ngadili prekara-prekara sing sepélé mau? 6:3 Apa kowé padha ora ngerti, yèn kita iki bakal ngadili para malaékat? Apa menèh prekara-prekara sing magepokan karo urip ing sedina-dina iki. 6:4 Menawa ana kedadéan-kedadéan sing mengkono, apa sebabé prekara mau kokpasrahaké marang wong-wong sing padha ora duwé kalungguhan apa-apa ana ing pasamuwan Kristen? 6:5 Apa kuwi ora ngisin-isini banget? Saora-orané mesthi ana wong siji ing antaramu sing wicaksana, sing bisa ngrampungi prekarané sedulur loro sing padha padu mau. 6:6 La koksedulur sing padha padu mau malah koktégakaké padha golèk adil menyang sing ora precaya. 6:7 Satemené anané wong padha prekaran ing antaramu kuwi waé wis nélakaké, yèn uripmu tata Kristen kuwi asor banget. Apa ora luwih becik kowé digawé sewenang-wenang? Apa ora luwih becik kowé nandhang kapitunan? 6:8 Généa kokmalah kowé dhéwé padha tumindak sewenang-wenang ing kalanganmu dhéwé, sing siji gawé pitunané sijiné, malah karo padha sedulurmu dhéwé? 6:9 Kowé mesthi iya wis padha ngerti, yèn wong ala mau ora bakal olèh kabegjan ana ing Kratoné Gusti Allah. Aja padha ngapusi awakmu dhéwé. Wong sing kelakuané ala utawa sing nyembah brahala, utawa laku jina, utawa dadi rampog, laku jindik, *jindik: homoseksual.* 6:10 wong-wong sing ngrodha-peksa, utawa sing karem bandha, utawa sing dhemen mendem, kuwi kabèh bakal padha ora mèlu nampa kabegjan ana ing Kratoné Gusti Allah. 6:11 Kaya mengkono biyèn kaanané wong sawetara kang ana ing tengahmu. Nanging saiki dosamu wis diresiki. Kowé wis padha disaosaké marang Gusti Allah. Kowé wis padha karukunaké karo Gusti Allah, srana pangwasané Gusti Yésus Kristus lan Rohé Allah kita. 6:12 Bisa uga ana wong sing muni: “Aku wenang nindakaké samubarang.” Bener! Nanging ora samubarang kuwi maédahi marang kowé. Aku uga bisa muni: “Aku wenang nindakaké samubarang”, nanging aku emoh dadi baturé samubarang. 6:13 Ana uga wong sing muni: “Pangan kuwi mung kanggo weteng, lan weteng kuwi mung kanggo pangan.” Kuwi iya bener. Nanging karo-karoné bakal dirusak déning Gusti Allah. Badan ora samesthiné kanggo laku jina, nanging kanggo ngladèni kersané Gusti; lan Gusti pancèn kersa ngagem badan mau. 6:14 Gusti Allah wis mungokaké Gusti Yésus saka ing séda, mengkono uga Gusti Allah bakal nangèkaké kita srana pangwasané. 6:15 Kowé wis ngerti yèn badanmu kuwi péranganing sarirané Sang Kristus. Apa pantes yèn aku njupuk péranganing sarirané Sang Kristus mau salah siji dakdadèkaké péranganing badané sundel? Mesthi ora! 6:16 Apa kowé padha ora ngerti yèn wong sing kawin karo sundel kuwi dadi badan siji karo sundel mau? Kaya sing kasebutaké déning Kitab klawan cetha mengkéné: “Loro-loroné bakal dadi daging siji.” 6:17 Nanging sing sapa nunggalaké badané karo Gusti Yésus, wong mau manut tata rohani dadi badan siji karo Gusti Yésus. 6:18 Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa sing dudu laku jina, ditindakaké déning wong sanjabané badan, nanging wong sing laku jina kuwi ngrusak awaké dhéwé. 6:19 Apa kowé padha ora ngerti, yèn badanmu kuwi dadi pedalemané Sang Roh Suci? Roh Suci sing kaparingaké déning Gusti Allah marang kowé. Kowé kuwi dudu duwèkmu dhéwé, nanging kagungané Gusti Allah.

6:20 Kowé wis ditumbas déning Gusti Allah klawan rega sing larang. Mulané badanmu mau enggonen ngluhuraké Gusti Allah.

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

7:1 Mungguh prekara-prekara sing kokkandhakaké ing layangmu marang aku; prayoga yèn wong lanang ora kawin. 7:2 Nanging merga manungsa kuwi gampang kena ing panggodha laku jina, luwih becik yèn saben wong lanang duwé somah dhéwé, lan saben wong wadon duwé bojo dhéwé. 7:3 Saben wong lanang netepana kuwajibané marang somahé, mengkono uga wong wadon marang bojoné, sing siji gawé mareming atiné sijiné. 7:4 Wong wadon ora kwasa tumraping awaké dhéwé, nanging sing lanang sing kwasa. Mengkono uga wong lanang ora kwasa tumraping awaké dhéwé, sing kwasa sing wadon. 7:5 Kowé aja padha cegah-cinegah, kejaba yèn ana sarujuké loro-loroné, kanggo sawetara mangsa. Srana mengkono kowé padha bisa mligi enggonmu ndedonga. Nuli padha balia, supaya kowé aja kena ing panggodhaning Iblis, merga ora kuwat nyegah hawa-nepsumu. 7:6 Kabèh mau dakkandhakaké marang kowé ora dadi prenatan, nanging pamrayoga. 7:7 Satemené, mungguhing aku, aku kepéngin yèn kowé padha kaya aku; nanging saben wong mono ganjarané dhéwé-dhéwé, sing siji olèh ganjaran mengkéné, sijiné olèh ganjaran mengkono. 7:8 Tumrap sing durung padha omah-omah, lan para randha, aku mrayogakaké supaya aja omah-omah, kaya aku iki. 7:9 Nanging yèn kowé padha ora kuwat nyegah hawa-nepsu, luwih becik padha omah-omah tinimbang ngangah-angah, merga déning hawa-nepsu. 7:10 Tumrap wong sing padha omah-omah, Gusti (dudu aku) paring dhawuh mengkéné: Wong wadon sing wis ningkah aja megat bojoné. 7:11 Yèn wong wadon mau dipegat bojoné, tetepa ora omah-omah, utawa rukuna menèh karo bojoné mau. Lan wong lanang aja megat somahé. 7:12 Marang wong liya-liyané, aku, (dudu Gusti), duwé pamrayoga mengkéné: Yèn ana wong lanang Kristen duwé somah wong sing ora precaya, mangka somahé mau gelem urip bebarengan karo dhèwèké, somahé mau aja dipegat. 7:13 Lan yèn ana wong wadon Kristen duwé bojo wong sing ora precaya, mangka wong lanang mau gelem urip bebarengan karo dhèwèké, wong wadon mau iya aja megat bojoné. 7:14 Jalaran wong lanang sing ora precaya mau wis ditampi déning Gusti Allah, merga enggoné dadi bojoné wong wadon sing precaya mau; semono uga wong wadon sing ora precaya, uga wis ditampi déning Gusti Allah, merga saka enggoné dadi somahé wong lanang sing precaya mau. Saupama ora mengkono, anak-anaké wong-wong mau rak banjur dadi wong kapir, mangka satemené anak-anak mau padha ditampi déning Gusti Allah. 7:15 Nanging yèn sing ora precaya mau kepéngin pegatan karo somahé utawa bojoné sing Kristen, iya aja dialang-alangi. Ana ing kaanan sing mengkono wong lanang utawa wong wadon Kristen mau dadi bébas. Nanging enggoné Gusti Allah nimbali kowé, supaya kowé padha tansah rukun. 7:16 Sebab kowé, wong wadon Kristen, rak ora bisa nemtokaké yèn bojomu ora bisa mratobat lan kaslametaké? Semono uga kowé, wong lanang Kristen, ora bisa nemtokaké yèn kowé ora bisa dadi jalarané somahmu mratobat lan kaslametaké? 7:17 Saben wong nataa uripé manut ganjaran sing kaparingaké déning Gusti Yésus, kaya katemtuané Gusti Allah nalika nimbali wong mau. Prenatan iki sing dakwulangaké ana ing saben pasamuwan. 7:18 Upamané mengkéné: Yèn ana wong sing nalika katimbalan déning Gusti Allah, wis tetakan, kuwi aja nyoba ngilangi tabeté tetakan mau, mengkono uga sing nalika katimbalan déning Gusti Allah durung ditetaki, aja banjur ngudi supaya ditetaki. 7:19 Sebab tetak utawa ora tetak, kuwi dudu apa-apa. Sing prelu, saben wong netepana angger-anggeré Gusti Allah. 7:20 Saben wong tetepa kaya ing nalikané katimbalan déning Gusti Allah. 7:21 Apa nalika kowé katimbalan mau dadi batur-tukon? Kuwi ora dadi apa. Nanging yèn kowé olèh kelonggaran dadi wong merdika, kelonggaran mau pigunakna. 7:22 Sebab senajan batur-tukon, yèn wis katimbalan déning Gusti Yésus, dadi merdika. Mengkono uga wong merdika sing wis ditimbali déning Sang Kristus, dadi abdiné (batur-tukoné) Sang Kristus. 7:23 Kowé wis ditumbas déning Gusti Allah lan wis dibayar lunas. Mulané aja dadi batur-tukoné manungsa menèh. 7:24 Nanging para sedulur! Ana ing patunggilané Gusti Allah, saben wong lestaria kaya nalika katimbalan déning Gusti Allah. 7:25 Saiki bab wong sing isih prawan, aku ora tampa dhawuh apa-apa saka Gusti, nanging aku nglairaké panemuku marang kowé, lan merga saka sih-rahmaté Gusti Yésus, sing kaparingaké marang aku, kena kokprecaya. 7:26 Manut panemuku, ngèlingi sakèhing kasusahan ing jaman saiki, luwih becik yèn wong lanang tetepa kaya kaanané saiki. 7:27 Yèn kowé wis omah-omah, kowé aja megat somahmu. Déné yèn durung, aja omah-omah. 7:28 Déné yèn kowé omah-omah, kowé ora dosa. Mengkono uga yèn ana prawan, omah-omah kuwi ora dosa. Aku mung kepéngin njaga supaya kowé aja nganti padha ngalami karépotané wong sing padha omah-omah. 7:29 Karepku mengkéné: Para sedulur! Wektuné mung kari sedhéla. Mulané wiwit saiki wong lanang sing omah-omah uripa kaya wong sing ora omah-omah; 7:30 wong sing nangis dikaya wong sing ora sedhih. Wong sing ngguyu dikaya wong sing ora bungah atiné. Wong sing tetuku, dikaya wong sing ora nduwèni barang sing dituku mau; 7:31 lan wong sing padha dol-tinuku barang-barang kadonyan iki, dikaya wong sing ora kecencang déning barang-barang kadonyan mau. Sebab jagad sing kaanané kaya saiki iki bakal énggal sirna! 7:32 Pengarep-arepku kowé bisaa urip tanpa sumelang. Wong lanang sing ora omah-omah, bisa nglakoni ayahané Gusti klawan bébas, lan gawé renané penggalihé Gusti. 7:33 Nanging wong sing sesomahan kuwi kecencang déning prekara-prekara kadonyan iki, sebab wong mau kudu gawé senenging atiné sing wadon. 7:34 Merga mengkono pikirané mrana-mréné. Lan wong wadon sing ora omah-omah utawa para prawan, bisa nggelengaké pikirané kanggo pakaryané Gusti, merga arep masrahaké saranduning jiwa lan ragané. Nanging wong wadon sing omah-omah mikiraké prekara-prekara kadonyan, merga kepéngin gawé senenging atiné sing lanang. 7:35 Enggonku pitutur mengkono mau murih becikmu dhéwé, ora merga aku kepéngin gawé larangan-larangan kanggo kowé. Malah karepku supaya kowé padha nglakonana penggawé sing bener lan becik, bisaa nyaosaké uripmu kanthi wutuh, kanggo ngladosi pakaryané Gusti. 7:36 Yèn ana wong lanang lan wong wadon padha pepacangan, mangka sing lanang banjur rumangsa tumindak sing ora bener, tur rumangsa ora bisa nyegah hawa-nepsuné lan kepéngin ningkah karo pacangané mau, kuwi beciké padha ningkaha waé, kaya sing dikarepaké biyèn. Mengkono mau ora dosa. 7:37 Nanging yèn ana wong lanang sing wis niyat ora arep omah-omah, tanpa dipeksa déning sapa-sapa, lan ngerti temenan apa sing arep digayuh, becik yèn wong mau ora omah-omah. 7:38 Dadi wong lanang sing omah-omah mau becik, nanging wong lanang sing ora omah-omah kuwi luwih becik. 7:39 Wong wadon sing wis omah-omah duwé kuwajiban tumrap bojoné mung selawasé sing lanang isih urip. Sawisé sing lanang mati, wong wadon mau bébas arep omah-omah menèh karo sapa waé sing dikarepaké, angger kawiné mau karo wong precaya.

7:40 Nanging manut pangrasaku, wong wadon mau bakal luwih begja, menawa tetep ora omah-omah. Kuwi mau manut penemuku, lan dakkira aku kadunungan Rohé Gusti Allah.

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

8:1 Bab mangan sesajèning brahala, pancèn bener kaya kandhané wong-wong, yèn “kita wis padha duwé pangerti”. Nanging kawruh sing mengkono mau marakaké wong dadi gumunggung, awit sing mbangun kuwi mung katresnan. 8:2 Wong sing rumangsané ngerti samubarang, kuwi satemené kawruhé durung paja-paja. 8:3 Nanging wong sing tresna marang Gusti Allah kanthi temen-temen, kuwi sing dadi keparengé Gusti Allah. 8:4 Mulané bab mangan sesajèning brahala, kuwi satemené mengkéné: Kita ngerti yèn brahala mono pepethaning barang sing satemené ora ana. Kita ngerti yèn sing ana mung Gusti Allah piyambak. 8:5 Senajan ana sing disebut “déwa-dèwi”, ing swarga utawa ana ing bumi, lan senajan cacahé ‘déwa lan dèwi’ kuwi akèh, 8:6 nanging tumrap kita mung ana Gusti Allah siji, yakuwi Sang Rama, sing nitahaké samubarang kabèh, lan kita padha urip kagem Panjenengané. Lan mung ana Gusti siji, yakuwi Gusti Yésus Kristus, sing dadi lantarané samubarang kabèh katitahaké, lan urip kita iki uga merga Panjenengané. 8:7 Nanging ora saben wong ngerti marang kayektèn mau. Ana wong Kristen sing merga biyèn wis kulina nyembah brahala, tekan sepréné yèn mangan pangan sing disajèkaké marang brahala, rumangsané brahala mau ana temenan, lan pangan kuwi duwèké brahala mau temenan. Lan sarèhné imané sèkèng, yèn dhèwèké mangan pangan sing disajèkaké marang brahala, rumangsané wong mau banjur dadi najis. 8:8 Mangka satemené pangan kuwi ora marakaké kita luwih cedhak karo Gusti Allah. Yèn kita ora mangan, kita ora kapitunan apa-apa, mengkono uga saupama kita mangan, kita iya ora bathi apa-apa. 8:9 Mung waé kabébasan kita aja nganti marakaké wong sing imané sèkèng tumiba ing dosa. 8:10 Saupama ana wong sing imané sèkèng weruh “kowé sing padha duwé kawruh” mau padha mangan ing kuil brahala, apa wong mau ora banjur mèlu-mèlu mangan pangan sing disajèkaké marang brahala? 8:11 Lan srana mengkono ‘kawruhmu’ mau apa ora marakaké sedulurmu sing sèkèng imané dadi nemu tiwas? Mangka Sang Kristus wis nglampahi séda uga kanggo wong mau. 8:12 Srana mengkono kowé wis gawé dosa marang sedulur-sedulurmu, srana natoni pangrasané atiné sing ringkih.

8:13 Mulané yèn pangan kuwi marakaké sedulurku tumiba ing dosa, aku aluwung ora mangan panganan mau ing selawas-lawasé, supaya aku aja nganti njalari sedulurku tumiba ing dosa.

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

9:1 Aku iki apa dudu wong sing merdika? Aku iki apa dudu rasul? Aku apa ora wis tau weruh Gusti kita Yésus Kristus? Lan apa kowé dudu wohing pegawéanku kagem Gusti? 9:2 Senajan wong liya ora ngakoni aku iki rasul, nanging tumraping kowé aku iki rasul! Sebab kowé dhéwé lan uripmu dadi wong-wong Kristen, nélakaké yèn aku iki rasul. 9:3 Yèn ana wong sing padha nyruwé aku, jawabku mengkéné: 9:4 Apa aku ora wenang olèh pangan lan ombèn-ombèn saka enggonku nyambut-gawé? 9:5 Apa aku ora wenang nindakaké apa sing katindakaké déning rasul-rasul liyané lan para sedhèrèké Gusti Yésus, apa déné Pétrus? Apa aku ora wenang sesomahan karo wong wadon Kristen lan ngajak dhèwèké lelungan? 9:6 Apa mung Barnabas lan aku dhéwé sing kudu golèk pangan dhéwé? 9:7 Endi ana prejurité angkatan perang sing kudu ngragadi awaké dhéwé? Utawa endi ana wong tani sing ora mangan anggur saka keboné dhéwé? Utawa pangon endi sing ora ngombé susu saka wedhusé dhéwé? 9:8 Pasemon sing dakkandhakaké iku kabèh ora mung saka pengalaman pedinan, nanging Kitab Suci iya ngandharaké kaya mengkono. 9:9 Torèté Nabi Musa rak uga nyebutaké mengkéné: “Kowé aja mbrangus cangkemé sapi sing lagi kanggo nggiling.” Sing dikersakaké déning Gusti Allah ing kéné ora mung sapi waé, 9:10 nanging sanyatané ya kita iki. Wong sing nyebar lan wong sing derep wis samesthiné nyambut-gawé kanthi pengarep-arep bakal nampa panduman saka panènan mau. 9:11 Aku wis padha nyebar wiji rohani ing antaramu, apa aku ora wenang padha ngenèni berkah kajasmanèn saka kowé? 9:12 Yèn wong-wong liya padha duwé wewenang olèh bagéan kajasmanèn mau saka kowé, apa wewenangku iki ora luwih gedhé tinimbang karo wong-wong mau? Nanging aku padha ora migunakaké wewenangku, malah aku nyukupi kebutuhanku dhéwé, supaya aku aja ngalang-alangi Injilé Sang Kristus enggoné kawartakaké. 9:13 Wong sing nyambut-gawé ana ing Pedalemané Allah wis samesthiné nampa pangané saka Pedalemané Allah mau, lan wong-wong sing padha nyaosaké kurban ing mesbèh tampa panduman saka kurban mau. 9:14 Mengkono uga Gusti wis netepaké yèn wong sing ngabaraké Injil iya nampa pangané saka enggoné ngabaraké Injil mau. 9:15 Nanging aku durung tau migunakaké wewenangku babar-pisan. Malah enggonku nulis layang iki ora kokmerga supaya aku nampa wewenang-wewenangku. Awit aku aluwung mati, ketimbang karo kélangan prekara sing gawé mongkoging atiku. 9:16 Aku ora duwé wewenang gumunggung bab enggonku ngabaraké Injil, sebab aku iki sadrema nglakoni dhawuh. Lan iba cilakané awakku, saupama aku ora ngabaraké Injil kuwi. 9:17 Menawa enggonku nindakaké pegawéanku metu saka karepku dhéwé, aku wenang ngarep-arep olèh opah. Nanging sarèhné ngabaraké Injil kuwi sawijining kuwajiban, dadiné pegawéan mau wis dadi tugas sing diparingaké déning Gusti Allah marang aku. 9:18 Banjur, opahku apa? Opahku yakuwi: déné aku kepareng ngabaraké Injil tanpa opah, ateges sajroning pegawéanku ngabaraké Injil mau aku ora njaluk apa sing dadi wewenangku. 9:19 Aku iki bébas. Aku dudu budhaké sapa-sapa. Nanging awakku dakdadèkaké budhaké saben wong, supaya aku bisa olèh ati saka wong kabèh. 9:20 Yèn layanan karo wong Yahudi, tumindakku kaya wong Yahudi, supaya aku bisa olèh ati saka wong Yahudi. Yèn layanan karo wong sing padha nganut Torèté Nabi Musa, tumindakku kaya wong sing nganut Torèt, senajan uripku ora gumantung ing Torèt, supaya aku bisa nggèndèng wong-wong mau. 9:21 Lan tumraping wong-wong dudu Yahudi aku tumindak kaya wong dudu Yahudi, kaya-kaya aku ora ngerti karo adat tata carané wong Yahudi, supaya aku bisa nggèndèng wong dudu Yahudi. Kuwi ora merga aku ora manut karo angger-anggeré Gusti Allah; sebab uripku nganut angger-anggeré Gusti Yésus Kristus. 9:22 Ing tengah-tengahé wong sing imané ringkih, tumindakku kaya wong sing imané ringkih uga, supaya aku bisa nggèndèng wong-wong mau. Srana mengkono aku wis dadi pepadhané saben wong, supaya sebisa-bisa aku nylametaké sapérangan saka antarané wong-wong mau, srana patrap apa waé. 9:23 Kabèh mau daktindakaké merga saka Injil, supaya aku bisa mèlu ngrasakaké kabegjan-kabegjan kaya surasané Injil mau. 9:24 Kowé padha ngerti yèn ana ing balapan mlayu, sing mèlu wong akèh, nanging sing dadi juwarané mung wong siji. Mulané padha mlayua kaya wong sing arep menang lan dadi juwara. 9:25 Saben wong sing arep mèlu balapan, sajroné nggladhi awaké, padha tundhuk marang tatanan sing keras banget. Wong mau padha betah nglakoni mengkono, supaya bisa olèh makutha kemenangan, sing bisa sirna. Nanging kita iki padha betah nglakoni mengkono, supaya olèh makutha sing langgeng. 9:26 Yakuwi sebabé enggonku mlayu ngener marang garis pungkasan. Yèn diupamakaké wong tinju (jotosan), olèhku njotos ora ngawur.

9:27 Nanging aku nggladhi badanku nadhahi jotosan-jotosan sing keras, supaya aku bisa ngerèh badanku mau. Aja nganti sawisé aku ngabaraké Injil marang wong liya, aku dhéwé ditampik déning Gusti Allah.

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus

10:1 Para sedulur! Aku kepéngin ngélingaké kowé, bab apa sing dialami déning para leluhur kita, sing padha ndhèrèk Nabi Musa. Para leluhur mau padha kauban déning méga lan nyabrang Segara Teberau kanthi slamet. 10:2 Ana ing sajroning méga lan ana ing sajroning segara mau para leluhur kabèh kabaptis dadi penganuté Nabi Musa. 10:3 Wong kabèh mau padha mangan roti kasukman sing padha, 10:4 lan padha ngombé ombèn-ombèn kasukman sing padha, kabèh padha ngombé saka watu karang kasukman, lan watu karang mau yakuwi Sang Kristus piyambak. 10:5 Éwasemono wong-wong mau sapérangan gedhé ora gawé renaning penggalihé Gusti Allah, mulané padha mati lan kakubur pating slebar ana ing ara-ara samun sing diliwati. 10:6 Tumrap kita prekara mau kabèh dadi pasemon kanggo ngélingaké, supaya kita aja kepéngin marang prekara-prekara sing ala kaya sing wis ditindakaké déning para leluhur dhèk biyèn. 10:7 Supaya kita aja padha nyembah brahala, kaya sing wis katindakaké déning wong-wong mau. Kaya sing kadhawuhaké ana ing Kitab Suci: “Wong-wong padha lungguh, mangan lan ngombé, nuli padha ngadeg lan jogèdan.” 10:8 Kita aja padha laku jina kaya sing biyèn katindakaké déning sawenèhing wong-wong mau, nganti sajroning sedina ana wong telulikur èwu sing padha mati. 10:9 Kita aja padha nyoba marang Pangéran, kaya sawenèhing wong-wong dhèk jaman biyèn, satemah padha mati dicokot ula. 10:10 Lan kowé aja padha nggrundel bab nasibmu, kaya sawenèhing wong nalika semana, temah padha ditumpes déning Malaékaté Pati. 10:11 Anané lelakon kabèh mau, supaya dadi tuladha kanggo wong-wong liya. Lan kabèh mau katulis minangka pepéling tumrap kita, sing padha urip ing jaman pungkasan. 10:12 Mulané sapa sing ngadegé rumangsa wis jejeg, padha sing ngati-ati supaya aja nganti tiba. 10:13 Godha sing kokalami kuwi, godha sing lumrah dialami déning saben wong. Nanging Gusti Allah setya marang janjiné. Panjenengané ora bakal négakaké kowé digodha nganti ngungkuli kekuwatanmu. Yèn kowé digodha, Panjenengané bakal maringi kekuwatan marang kowé, supaya kowé tetep panggah, sarta Panjenengané bakal maringi dalan, supaya kowé bisa oncat saka panggodha mau. 10:14 Mulané para sedulur kang dakkasihi, aja padha nyembah brahala, kuwi padha singkirana. 10:15 Enggonku kandha mengkono kuwi merga kowé dakanggep wong sing ngerti. Padha timbangen dhéwé tembungku iki. 10:16 Tuwungé berkah sing kita tampani saka Gusti klawan ngucap sukur, kuwi yèn kita ombé, apa ora mratélakaké enggon kita tetunggalan karo rohé Sang Kristus? Lan yèn kita mangan roti sing kita cuwil-cuwil, apa ora mratélakaké enggon kita tetunggilan karo sarirané Sang Kristus? 10:17 Sebab rotiné mung siji, mengkono uga kita, sing cacahé akèh iki satemené badan siji, sebab kita kabèh padha mangan nunggal roti siji mau. 10:18 Padha nitènana bangsa Israèl jaman biyèn, yakuwi wong sing padha mangan kurban sing disaosaké marang Gusti Allah ana ing mesbèh. Wong-wong mau rak padha ndhèrèk lelados ana ing mesbèh mau? 10:19 Aku rak ora kandha, yèn brahala utawa sesajèn sing disaosaké mau ana nyatané. 10:20 Ora babar-pisan! Karepku, apa sing disaosaké ana ing mesbèhing brahala mau ora disaosaké marang Gusti Allah, nanging marang sétan-sétan. Lan aku ora rila yèn kowé padha tetunggalan karo sétan-sétan. 10:21 Kowé ora kena ngombé saka tuwungé Gusti lan uga ngombé saka tuwungé sétan-sétan. Kowé ora kena mangan ana ing méjané Gusti Yésus lan sawisé kuwi banjur mangan ana ing méjané sétan-sétan. 10:22 Apa kowé kepéngin gawé bentèring penggalihé Gusti Yésus? Apa kita iki luwih rosa tinimbang Panjenengané? 10:23 Ana wong sing muni: “Aku wenang nindakaké apa sing dakkarepaké.” Bener! Nanging ora samubarang maédahi. “Aku wenang nindakaké samubarang,” nanging ora samubarang migunani. 10:24 Aja ana wong sing mburu keuntungané dhéwé waé, nanging padha nggatèkna uga marang wong liya. 10:25 Kowé bébas arep mangan daging apa waé sing diedol ing pasar, tanpa mangu-mangu. 10:26 Sebab Kitab Suci ngendika: “Bumi lan saisiné kuwi kagungané Gusti Allah.” 10:27 Yèn kowé diundang mangan déning wong sing ora precaya lan kowé gelem nekani uleman mau, mangana apa waé sing disuguhaké tanpa mangu-mangu. 10:28 Nanging yèn ana wong sing kandha marang kowé: “Kuwi sesajèning brahala”, aja kokpangan, supaya aja nuwuhaké gagasan ing wong mau, yèn kowé ngandel marang brahala, mengkono uga merga rasaning atimu dhéwé. 10:29 Dadi ora mung merga rasaning atimu dhéwé nanging uga kanggo rasaning atiné wong mau. Bisa uga ana wong sing muni: “Yagéné kamerdikanku kokdiwatesi déning rasaning atiné wong liya? 10:30 Yèn aku mangan pangan sing wis disuguhaké klawan ngucap sukur, yagéné aku kokdisalahaké, merga mangan pangan sing wis daksucèkaké mau?” 10:31 Bener, nanging aja lali, yèn apa waé sing koktindakaké, apa mangan, apa ngombé, apa waé sing koklakoni kuwi kabèh lakonana kanggo kaluhurané Gusti Allah. 10:32 Tumindakmu aja njalari wong-wong padha tumiba ing dosa, iya wong Yahudi, iya wong dudu Yahudi, utawa pasamuwané Gusti Allah.

10:33 Nulada marang aku! Ing sadhéngah prekara sing daklakoni, aku ngarah gawé senengé wong kabèh, tanpa mburu kesenenganku dhéwé. Sing dakélingi kuwi kepentingané wong liya, supaya wong mau padha slamet.

Filed under 2 Prajanjian Anyar, 46 I Korintus